Selasa, 04 Maret 2014

PEPELING ALAM ( Skr. Asmarandana )

        Tembang ini di buat oleh Ayah saya sendiri. Tembang ini merupakan rangkaian sebuah cerita yang saling bersangkutan.

1.          Kocak ingkang jalanidi
Kinebur jroning samodra
Mbaludak katon toyane
Bingung bilulung manungsa
Kerem neng banjir bandang
Wewangunan kabeh sumyur
Keles telas sadayanya

2.           Prahara gung wus dumadi
Lindu geter bumi bengkah
Mbalasah jugrug kang banon
Ting galendang kang kunarpa
Sasat sarah binuncang
Ganda anyir saking marus
Sumilir tan ana pegat

3.           Gunung gunung pada mosik
Arsa luntak wetengira
Maweh prabawa kang  gede
Horeg kang bumi prakempa
Trus bengkah sarta gonjang
Lindu pater gung ambawur
Sasat datan bisa sirna

4.           Bumi uga melu runtik
Nggegiro jalma manungsa
Kadi tan ana pedote
Luntak amutah guwaya
Ngebeki rat mbalambang
Lendut medal saking sumur
Tan menda rineka daya

5.           Yektine iku pepeling
Yeku kinarya pratanda
Gusti kang momong jatine
Paring pemut mring manungsa
Haywa lali kwajiban
Angreksa bumi lan gunung
Datan kantun jro samodra

6.           Sajuga ingkang wigati
Manembah mring Maha Mulya
Muji syukur mring Gustine
Limang waktu den tindakna
Panyegah tindak mungkar
Linambaran ati tulus
Murih saget katarima

7.           Kapindone aja lali
Nyambung keketing bebrayan
Silaturahmi jarene
Ting bangkereng singkirana
Murih tentreming jagat
Yen wus klakon kabeh mau
Gusti gya paring nugraha

8.           Asmarandana rinakit
Kinarya pemut kang nyekar
Satuhu amung pepeling
Mboten nami cumanthaka
Mung netepi kwajiban
Jejering urip puniku

Memayu hayu bawana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar